A.
PANGERTEN
Artikel yaiku karangan nyata sing jangkep kanthi
dawa tartamtu sing digawé kanggo disebaraké
lumantar koran, majalah, buletin, lsp. Panulisan
artikel ndarbèni ancas kanggo ngandharaké gagasan lan fakta sing bisa
ngyakinaké, nggulawentah, lan nyenengake sing maca. Déné ing Kamus
Besar Bahasa Indonesia (KBBI), artikel yaiku karya tulis jangkep, tuladhané
lapuran pawarta utawa esai ing majalah,kalawarti.
lsp. Artikel kuwi karangan non-fiksi kang
njlèntrèhaké sawijiné pokok perkara kanggo dimot ing kalawarti, majalah,
buletin, lan médhia liyané.
B.
JENISING ARTIKEL
1. Artikel
Deskripsi
Essay iki menehi ringkesan cilik /
kahanan supaya maca kaya weruh , ngrungokaké, utawa aran iku .
2. Artikel
Narasi
Ing narasi prasaja dikenal minangka
crita . Ing narasi saka acara utawa acara ing urutan kronologis . Ing acara ana
uga pemimpin sing ngadhepi konflik . Narasi bisa ngemot kasunyatan utawa fiksi.
3. Artikel
Eksposisi.
Essay iki ngandhut gambaran utawa katrangan topik supaya
kanggo nyedhiyani informasi tambahan utawa kawruh kanggo maca . Kanggo
njlentrehake description, bisa dilengkapi karo grafis , gambar utawa statistik.
4. Artikel
Persuasi
Essay iki yakuwi kanggo pengaruhe maca kanggo nindakake
soko . Ing persuasion penulis nyana Donyane sing ing wangun saka motor motor
ing wangun saka tumindak tangani dening maca ing sesuai karo penulis dianjurake
ing Essay.
5. Artikel Argumentasi
Pitakonan
iku salah siji saka paragraf ing pangembangan nulis sing ditulis karo tujuan
kanggo gawe uwong yakin utawa ngarih - nonton . Ing nulis pitakonan isi bisa dadi salah
siji sing panjelasan, bukti , alesan, lan review adil kang klebu conto ,
Sinuwun , lan akibat .
C.
CONTO ARTIKEL BAB WAYANG
Miturut para ahli
budaya uga panemune penyelidikan para ahli arkeologi sing ana ing Indonesia,
kesenian budaya wayang kuwi saktemene bentuk asline wis ono biyen-biyen, rikolo
isih jaman kuna, yaiku jaman sakdurunge ana agama Hindu Budha. Ing jaman semana
sing diarani budaya wayang wis diduweni karo dening bangsa Indonesia dewe. Dadi
wayang kuwi iya kabudayan asline bangsa. Wektu kuwi, budaya wayang isih cedak
hubungane karo muja-mujine kapercayan animisme sing isih pada dianut para
leluhuring bangsa Indonesia. Miturut kapercayan Animisme roh nenek moyang utawa
leluhur bisa dienggo nyenyuwun petunjuk bantuan kanggo kamulyan uga biso
disuwuni kanggo pengayom kasusahaning lan kacilakane menungsa. Kosok baline ruh
kuwi mau iya uga dipercaya sing bisa ndadekake gangguan utawa kacilakane
menungsa. Mula rikala semana, yen ana karep kanggo nyenyuwun bantuane roh para
leluhur, banjur dianakna kaya dening upacara ritual selametan, sing jarene bisa
ngundang, nimbali para rohing leluhur sing wis pada seda kanggo disuwuni
keselametan lan kamulyane menungsa. Upacara ritual mau dianakna dibarengi
nganggo cara gawe pagelaran wayang. Kira-kira awalane tahun masehi, kaya sing
dicritakake karo dening para ahli sejarah mau, bangsa Hindu sing asale soko
jazirah India akeh pada teka dadi ”imigran” menyang Indonesia. Bareng
suwening-suwe, gelem ora gelem dadekake pengaruh kabudayan Hindu-Budha iki
akhire iya bisa diterima karo dening penduduk asline Indonesia. Ing sakjroning
jaman kuwi, basa Sansekerta wis dienggo karo kalangan bangsawan sing sakteruse
banjur mempengaruhi basa asli Jawa lan Bali. Ing kene kesenian wayang karo
bangsa Hindu dienggo wadah ngembangake lan wedharake budaya agama Hindu lewat
crita Mahabharata utawa Ramayana. Suwe-suwe kahanan kaya mangkono kuwi sing
sakbanjure ndadekake campur lan manunggale budaya asli bangsa Indonesia karo
budaya Hindu. Kesenian wayang sing budayane wis campur manunggal iki mau sing sakteruse
dadi sinebab agama hindu cepet nyebar, ngresep lan diterima ing masyarakat
Indonesia.
Mulane ing jroning crita wayang iku akeh pranatane budaya agama Hindu.Miturut
kitab Sastra Centhini kasebutake mula bukane kesenian wayang purwo kuwi
cinipta karo dening Raja Jayabaya soko Kerajaan Kediri. Kira-kira abad 10
Prabu Jayabaya hanyipta gawe gegambarane roh leluhure sing terus ditulisake ing
godong lontar. Gegambaran sing kaya mangkono mau akeh sing ditiru soko
gambarane ”relief” crita Ramayana, sing wis tinulis ing candi penataran Blitar.
Prabu Jayabaya ing kana mau banget katertarikane marang isine Crita Ramayana
mergo dewekne kuwi termasuk raja sing meyembah dewa Wishnu, sing uga nganti
sakprene karo masyarakat isih dipercaya Prabu Jayabaya dianggep panjelmaane lan
titisane Betara Wishnu. Ing jaman sakwise, yaiku jaman Jenggala kesenian wayang
purwa kuwi disampurnakake wujude karo dening Raja Jenggala Raden Panji
Rawisrengga sing bergelar Sri Suryawisesa. Sakteruse dadi apik lan
indahe. Kocap cinarita terus wayang-wayang sing wis kawujud mau banjur
diklumpukake lan disimpen ing jeroning peti ”khusus” sing ”nyeni” indah.
Bebarengan karo kuwi uga diciptakake pakem crita wayang purwa sing pagelarane
dianakake setiap ana upacara-upacara penting ing istana kerajaan lan uga didalangi
dewe karo Sri Suryawisesa. Rikala jaman Majapahit gegambarane kesenian wayang
kuwi saya luwih disampurnaake lan dadi tambah apike, amarga wis ditambah bagian
kana-kene sing disik-disikane dadi kekurangane, terus digulung dadi siji.
Wayang sing wujude gulungan kuwi, yen dienggo pagelaran gulungane dibeber. Mulo
kuwi jenis wayang sing mangkene terus diwenehi jeneng Wayang Beber. Wiwit ono
panemune wayang beber iki kesenian wayang banjur diwedharake ngrambah metu soko
lingkungane keraton. Lan wiwit kuwi uga masyarakat saknjabane keraton bisa melu
ndeleng keindahane pagelaran kesenian wayang beber. Sakbanjure nyedaki
pungkasaning jaman Majapahit, pengaruh Agama Islam wis wiwit ngrambyah lan
kawedhar ing tanah Jawa. Karo dening para wali lan sunan Kesenian wayang kuwi
uga dienggo ”media effektif” medharake ajaran agama Islam. Kahanan kaya
mangkono kuwi uga sing dadekake kesenian wayang akeh perubahan wujud sing cukup
”signifikan”, kanggo ngilangake gegambarane manungsa sing ing Agama Islam kuwi
diharamake lan uga kanggo ngilangake gegambaran sing mujudake pengaruh agama
Hindu. Ing jaman kuwi, wujude wayang di owah, digawe soko kulit lan balung sing
wujude mung kaya simbol-simbol supaya gegambarane menungsa dadi samar,
sakteruse nganti sakprene wujude wayang mung kaya lan dadi arupa
simbol-simbol wewayangan panguripane menungsa.